Saya dan sekitar saya

Selasa, 06 November 2012

Sulitnya Cari Kerja :))

Wawancara kerjo saiki tambah angel X_X

A : Koe due omah opo ora?
B : Dereng
A : Kowe ora iso ketompo nang kene
B : Lho kok ngoten?
A : Mengko koe mesti ngajukne utang nang perusahaan
B : Ah... mboten kok. Sakjanipun tiyang sepuh kulo niku sampun sugih.
A : Malah ora ketompo
B : Lho kok ngaten?
A : Mengko kowe kerjo mung nggo hiburan, nongkrang nongkrong wae, chatting terus
    : Koe duwe motor opo ora?
B : Mboten
A : Ora ketompo
B : Lho kok mboten ?
A : Mengko koe mesthi njaluk bantuan kredit
B : Sak janipun gadhah, ning tasih teng kampung, gampil mangke kulo beto mriki
A : Wah ra ketompo
B : Lho kok ngoten?
A : Tempat parkire wes kebak
    : Koe wis lulus sarjana tenanan?
B :  Sampun pak
A : Ora ketompo, kene iki golek sing SMA ae, luwih manutan lan mbayare murah
B : Sakjanipun kulo tasih badhe skripsi
A : Malah ra ketompo
B : Lha kados pundi toh?
A : Mengko kowe kerjo mung ngetik skripsi, lek wis lulus mesti golek kerjo neng perusahaan liyo
    : Kowe seneng guyon ora?
B : Mboten pak, kulo serius nek nyambut gawe
A : Ra ketompo
B : We lha... kok ngoten?
A : Engko konco2mu lan anak buahmu podho stress
B : Sakjane nggeh sekedhik-sekedhik seneng guyon
A : Malah ra ketompo
B : Lho kok
A : Ngkok gaweanmu mung update status sing lucu
    : Anakmu akeh opo sithik?
B : Kathah pak
A : Ora ketompo
B : Sebabipin?
A : Nyambut gawemu ora jenjem, mung mikir gawe anak terus
B : Lha wong namung anak adopsi kok
A : Tambah ora ketompo
B : Lho?
A : Gawe anak wae aras2en, opo maneh nyambut gawe :D
     : Kowe iso internet?
B : Mboten
A : Ora ketompo
B : Sebabipun
A : Perusahaan ora nompo buta internet
B : Sakjanipun nggeh saget
A : Tambah ora ketompo
B : Lha kok?
A : Mesthi ora bakal nyambut gawe, kakehan dolanan internet tho? ngentek2i pulsa ae


wkwkwkwk... sungguh susah nya.. stress mungkin sy kl jd pelamar -_____-"


1 komentar:

Anonim mengatakan...

trenslet dong bu..

Posting Komentar